Kamis, 22 Oktober 2020

Merad Sing Adoh

Rikalane langit padang jinggrang

Lan mripat mung kena ayang-ayang

Srengenge anget kaya lagi disayang-sayang

Bungah epor ora ketulungan

 

Tapi ati kiye kayong peteng dedet

Gara-gara omongan sing ora bisa diampet

Jeger-jeger deddeddedded

Kaya korek sing bar disuled

 

Koen sih, senengane asal moni

Saiki ya balik mburi

Maring sing nuturi

Senggane koen nyadari

Ngerti artine barang wis keri

 

Asline nyong melas karo koen

Bagjane wis nganti protektif nemen

Ya sing arane barang cilik

Tetep mlebu senajan wonge apik

 

He, Covid Sangalas

Koen merad sing adoh

Eben wong pada balik bregas

Bisa kerja ora mung ndowoh

 

Padang, Rolikur Oktober

Rongewu Rongpuluh

Tidak ada komentar:

Posting Komentar